1 Krana Roh Suci dedalem ing ati, kula tansah kinanthi; gesang sanyata tentrem raharja, mangkya sinungken mring kula Ing wusananira nampi tangining raga, kadya Sang Kristus, Gusti kang mulya. 2 Krana Roh Suci, kula mursid yekti mbangun turut mring Gusti, gesang sembada, unggul ing yuda; ngawonken juliging dosa. Ing wusananira tunggil kasampurnannya, klayan Kristus Gusti aneng swarga. 3 Krana Roh Suci, kula temen ngudi mbucal gesang kang lami, sregep makarya, teguh ing karsa, tetales bebener nyata. Ing wusananira ndherek ing kamulyannya, klayan Kristus Gusti aneng swarga.
|
|