1 Kalane Gusti sumengka karsa mlebet mring swargi, sampun kagungan prasetya, badhe paring Roh Suci. Ing dinten Pentekosta, Gusti ngutus Roh Suci. 2 Neng dalem suci, sakabat mireng swara gumrubug. Roh Suci ingkang wineca pra nabi sampun rawuh. Ing dinten Pentekosta Gusti ngutus Roh Suci. 3 Punika pawartos bingah tumrap sagung tumitah: Sang Kristus wonten ing swargi karsa paring Roh Suci. Ing dinten Pentekosta Gusti ngutus Roh Suci
|
|