1 Swawi sami suka - suka nggen kula ngenget - enget. Gusti minggah maring swarga, mendah kaluhuranipun Njeng Gusti Juru slamet. 2 Nyata sinungan kamulyan lan sagung pangawasa; wonten ing swarga kalayan ing bumi, nggih jinulukan ngungkuli sagung nama. 3 Ngantos para malaekat tansah sami memuji. Langkung malih para umat, nggih wajib nyaosi urmat saha sujud mring Gusti. 4 Paduka kang ngrumiyini dados Pangirid kula, saha maringi prajanji badhe karsa anyawisi panggenan woten swarga.
|
|