1 Kristus Gusti sumengka mring swarga, ngutus wong pracaya tansah setya, amartakna Injil sih rahmatnya. Kang nampenana sinungan begja. Bra undhangna, Sang Kristus jumeneng Raja, Kratonira tentemraharja. 2 Sang Pamarta sumengka mring swarga, wong pracaya dadya lantarannya, mrih kratoning Allah binabarna, dhedhasarira sih-welas-tresna. 3 Gusti Kristus sumengka mring swarga, ngutus wong pracaya mbudidaya sinanira rasa memungsuhan, mrih kebabaring gung katentreman.
|
|