1 Suci, suci, suci pinuji Hyang suci. Allah Mahamulya kang jumeneng Raja. suci, suci, suci pinundhi Hyang Widi titah sadaya memuji samnya 2 Suci, suci, suci, pujining pra suci angumandhang sora ngèbeki akasa. Pra mlaékat sami sujud angabekti, ngidung tan kendhat mring Kang Mengkurat. 3 Suci, suci, suci, Allah Mahasuci. Gumuruhing kidung nggunggung-nggunggung Gusti. Tetalesing bumi gonjing déning puji. Pra makhluk wrata girang memuji. 4 Suci, suci, suci, nggih Gustining gusti, anglairken srira tumedhak mring donya, nucèkken manungsa kang pitados yekti. Yogya pinuji langgeng slaminya.
|
|