1 Taman Getsemane kang sepi, minangka seksi. De Sang Kristus mirsani kang bakal sinandhang. Tan ana sawiji-wijia rowang mung godhong garing tumibeng bumi Mangkya wustumengkaning pesthi, Gusti netepi janji. 2 Taman Getsemane kang sepi, seksi sejati riwene Gusti lir rah mili rentah nelesi bumi. Malaekat, sawusnya nyantosani, Gusti datan ajrih ing bilai, ngepeng ndedonga trusing ati, Gusti netepi janji. 3 Taman Getsemane kang sepi, seksi sejatigodhong lan kembang dadi alum wit sungkawaning Gusti. De kekayu kudune dadi berkat, malih dumadi salibing laknat, jer wus dadi anteping ati, Gusti netepi janji.
|
|