1 Swawi pra kanca girang memuja, Kristus sinalib agesang malih. Pamarta kula wungu sing seda. Sampun tinitik Ratuning urip. Gusti Panebus prange wus unggul. Pati wus kalah, antupe ical. 2 Tyang Kristen samnya girang memuja; de paukuman, bebendu laknat wus sirna estu, Gusti wus wungu. Kristus nguculi rantening pati, Sung gesang langgeng mring kang ngandelken. Kula tyang dosa, sinungan uga. 3 Salumah bumi badhe ngrurmati, Gusti kang seda lan wungu uga. Swawi salir tyang kang karibedan, swawi ngungseni piwlase Gusti, ndherek anyangga kalingsemannya ja ajrih pejah, Gusti kang menang. 4 Mara mujia! He jagad wrata! Gusti panutan, Ratuning gesang. Urip kang langgeng wus linairken. Mara tangia king sagung dosa, ngambaha dalan mring kautaman. Gusti murugken mring gesang langgeng.
|
|