1 Sinten ingkang tan anglentrih, ing manah daatan aperih, mulat sariraning Gusti? Pinanjer neng kajenglaknat, myang srunggennya siniyat. Dhuh lae, dhuh Gustiku! 2 Sajroning ingerang-erang. pinoyokan myang winirang aturnya mring Kang Rama, "O, Rama, mugi ngaksama mring kang misakit kawula, wit tan wrin pandamelnya" 3 Swara metik kapiyarsi, "Sun ngekak!" sabdaning Gusti, nulya dipun caosi. O, sinten ta tiyangira ingkang tan rempu ing driya, mulat sariraning Gusti. 4 Mangkya pagowong nelahi, bumi gonjing nggegirisi, dyan pinireng aturnya, "O, Rama, napa Paduka negakaken mring kawula? Negakaken kawula?" 5 Ruruh ririh kapiyarsa, "Wus rampung!" wijiling sabda, sampun rampung sanyata, mangkya jagadlinuwaran, Gusti nanggel paukuman, jumeneng kurban dhendha.
|
|