1 Sang Kristus sinangsara sinandhangan wirang Rikinarya makutha, pinoyok tyang kathah. Rinangket lir durjana, ci nampah siniya. Dhuh Allah, punapaa tan ngeman kang Putra? 2 Wit aku uga Gusti ginitik winirang. Ngagem makutha eri lan singep poyokan. Wit aku gawe dosa, tinaton sliranya. Sinungkawan ing driya lir tingalan nistha 3 Dhuh Yesus kang ingajep pra luhur wit kina. Mugi kula sadaya emuta slaminya. Sangsara lan kwirangan ageman Paduka, nyawisi kedrajatan kula tiyang nistha.
|
|