1 Sakehing titah ing bumi padha giranga memuji. Haleluya, haleluya! Surya prakosa sumunar, candra, kartika kababar. Puji Gusti saben wanci. Heleluya, haleluya, haleluya! 2 Angin tan kendhat lumaku, méga lan mendhung lumintu. Haléluya, haléluya! Hawa ketiga ngresepi, mangsa rendheng kang gumanti. Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haléluya 3 Banyu bening resik murni, tambaning ngelak, ngresiki. Haléluya, haléluya! Geni anget gawé girang, panggah tur awèh pepadhang. Puji Gusti saben wanci. Haléluya, haléluya, haleluya!
|
|