1 Saiba sangsarane Gusti nglampahi pinenthang. Kasamekaken tyang durjana nggene kapatrapan Pinaku samparan lan asta, cinamah asmanya, pinanggang ing bentering surya, temah pegat nyawa. 2 Pundi dosane Gusti kula, nglampahi pinenthang. Saestu Gusti tanpa dosa ngrembat dosaning tyang. Nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya, karsa nebus mring tiyang kathah nggih kula sadaya. 3 Makaten Allah Kang Masuci tan ngeman kang Putra kang kinasih denpasrahaken mring kraharjan kula. Saiba sih-welase Allah dhateng tiyang dosa. Sinungken pangapunten samilantaran kang Putra.
|
|