1 Panglipuring tyang prihatos, klangenan ing tyas kula. Sakathah sumlanging batos, kasirnakken sadaya. Sing swarga Gusti kang mulya, karsa tumedhak mriki, nyaur pundhat utang kula, Gusti gung kula puji. 2 Iba-iba Gusti mlasi bangsa apes lan nistha. Sing laknat Gusti ngluwari, margi sangsara seda. Riwe, rah, waspa Paduka neng Getsemane mili. Ngluwar kula sing ukuman, mbikak margining swargi. 3 Gusti tinuwek ing galih dening poyok kang sengak. Bendune Allah kang adil sinanggi Gusti pyambak. Nggirisi Gusti siniya wonten ardi Golgota, pasrah sinalib sarira, krana jagad duraka.
|
|