1 Pamarta kula agesang tyas kula mila agirang kang sinalib gesang. Dennya seda krana kula wungune dados panjernya, kula ndherek gesang. Gesang, gesang, Pamarta kula agesang. Gesang, gesang, Pamarta kula agesang. 2 Gesang, Gusti kang wus seda, dennya gesang krana kula, mila kula puji Saiba dennya ngasihi kula ngantos denparingi gesang langgeng ugi 3 Tyas kula yogya agirang de gadhah Pamarta gesang, sung gesang mring kula. Gusti gesang aneng swarga nyawisi papan mring kula, kula ndherek gesang. 4 Gusti Pamarta kang gesang nimbali marek salir tyang, kinen tobat samya. Datan wonten gesang malih, namung dening kang sinalib kang agesang mulya. 5 Gusti gesang lajeng minggah dhateng tengenipun Allah andongakken kula. Sihnya angayemken manah gesangnya nuwuhken bingah ing tyase pra abdi
|
|