1 Nulada mring Sang Pamarta Gusti kang karenan amitulungi; lembah ing manah, ngesorken dhiri; kang anyatroni tetep den tresnani. Kristus Gusti, Sang Pamarta karsa manjalma nandhang sangsara, ngalami papa, sinalib seda, iku babaring tresna. 2 Sengkud makarya ing pamrih sepi, kang aneng telenging wardaya amung rahayuning tyang sabumi. Mila tetep nulada Sang Pamarta. 3 Datan melas pinoyok tyang kathah, pinisakit tanpa rinasa. Malah tulus dennya andum berkah, tansah nyuwunaken sih-pangaksama.
|
|