1 Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib. Kang karebat luwar kula, saking bandaning Iblis. Siksa kula dipun rembat, kula luwar saking laknat. Ing Golgota, ing Golgota, Gusti Yesus sinalib. 2 Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur, mila mangke gesang kula, bingah ayem alipur. Rahing Gusti winutahken, pangluwaran pinaringken. Ing Golgota, ing Golgota dosa kula linebur. 3 O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula. Kula mugi winulanga tresna dhateng Paduka, dimen mbenjing kula klilan lumebet dalem kaswargan. O, dhuh Gusti, Putra Swargi, mugi nunggil ing kula.
|
|