1 Ing dinten adi puniki kula muji mring Gusti kang dads Juru Basuki; karsa ngurbanken dhiri sinalib dumugeng seda; nyanggi bebenduning dosa, mrih tyang pracaya waluya; rinukunken klayan Allah, nggih dinadosken Putranya, cinadhang kraton swarga. 2 Ratu Salam Putreng Allah lir durjana binanda, Gusti siniksa mung pasrah, mangka darbe pangwasa. Ingawonken tetep sabar, ing penggalih tansah lajar, Gusti datan lenggana, Sumarah badhe sinaos mring Allah nirken supaos kang tumrap tyang duraka. 3 Gusti seda dados srana pangruwat saking dosa. Nglebur paukuman kula, temah manah santosa. Betah nandhang kasisahan dening pangrehing Pangeran Gusti dados lantaran. Pejah kula ndherek Gusti, nanging ndherek gesang ugi mring kamulyan sejati.
|
|