1 Gusti Yesus sinalib sinrahken Allah priyangga, karsa nyangga paukuman myang laknat dados lintuning berkat. 2 Gustiku kang sinalib, pasrah pyambak mring sedane, supayane aku padha slameta, sihe winangnsulana. 3 Gustiku kang sinalib, marga dening durakaku, mangka aku jenak mring pakareman, pantes tampi ukuman. 4 Panebusku sinalib, aku iki tebusane. Kwajibane, aku mbuwang piala margane Gusti seda.
|
|