1 Gusti sinalib ing Golgota ngrembat dosaning para jalma, srana rah kang suci sampurna. Puji asmanya! Swawi muji asmanya! swawi muji asmanya! Srana rahe, kita tinebus. Puji asmanya! 2 Saiba begjaning awakku, lamun Yesus dadya duwekku, kang angluwari saka dosa. Puji asmanya! 3 Rahe dadya tuking uripku, kang wus ngrembat sagung dosaku. Kita rineksa kanthi setya. Puji asmanya! 4 Gya samya marek mring salibe, dimen kinumbah srana rahe. Pasrahna jiwa-raga kita! Puji asmanya!
|
|