1 Gusti neng taman Getsemane nampi siksa miwah bebendu, nglawan pagiris ing pati, krana gunging dosaku. Yogya nggonku nanggapi sihrahmate Gusti, yekti amung sawiji, pracaya lan bekti. 2 Gusti Yesus siniya-siya, ginebagan sarta sinapu, saestu nandhang sangsara, krana gunging dosaku. 3 Gusti sinami lir durjana, nir pamore Ratuning ratu, dadya kurban tan suwala, krana gunging dosaku. 4 Gustiku sinalib ing Golgota, wit sih-trsnanya kang satuhu; tedhak ing telenging pati, krana gunging dosaku.
|
|