1 Gusti agesang malih sampun ngawonaken pati. Gusti wungu, kula nggih sestu sami badhe tangi. Sinung gesang kang mulya, yeku panglipur kula. 2 Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi. Umatipun kang mantep, mbenjing ndherek angratoni Gusti ingkang prasetya, yeku panglipur kula. 3 Gusti wungu, he kanca, sampun uwas-uwas malih. Gusti dados Pantawis kang gesang, karsa anggalih ing kaapesan kula, yeku panglipur kula. 4 Gusti wungu, supados pikekah kawula sami salebeting panggodha dalasan ing baya pati. Gusti tan nilar kula, yeku panglipur kula.
|
|