1 Dosa punapa dene Gusti kula, nadyan ma suci, nging siniya-siya? Krana sih tresna Paduka mring kula, nandhang sangsara. 2 Dhuh, Ratuning rat, napa ta sababnya, makutha eri ngrenggani mestaka? Dimen pra umat rinoban sih-rahmat, luwar sing laknat. 3 Dhuh, Guru kula, napa darunanya, kaukum pati krana seksi dora? Wit nebusjalma sing kwasaning dosa, mrih gesang mulya. 4 Dhuh, Imam Agung, amargi punapa, pindha durjana Paduka pinenthang? Mrih sagung titah dados putreng Allah, sinungan berkah.
|
|