1 Aneng salib Paduka, pangayom kawula, toyaning gesang mulya ing ardi Golgota. Salibnya, salibnya, kamulyan kawula ngantos mbenjing nampeni palereman baka. 2 Aneng salib Paduka, katresnan kababar; inggih namung Paduka pindha lintang fajar. 3 Aneng salib Paduka; pikekah kawula; tansah kula engeti, ing gesang slaminya. 4 Aneng salib Paduka, pitados kawula; dumugi wancinira bingah aneng swarga.
|
|