1 Pinuji Allah, Sang Rama kang nitahken jagad raya, wah tansah ngupakara srana rendheng lan ketiga, nuwuhken panenan uga. Samudaya tumata. 2 Pinuji Allah Sang Putra kang nglanting sagung manungsa, paring tentrem-raharja sumrambah pra makiuk wrata, luwar sing pangrêhing dosa, wus binirat sadonya. 3 Pinujia Sang Roh Suci, yéku kang nganyarken ati dados burus sayekti, temah rukun mring sesami, suka ngrimat alam ugi, bawana dadya adi. 4 Sang Rama saha Sang Putra tetiga Ian sang Roh Suci yéku Allah sawiji. Samukawisnya sampurna, awit saking pakaryannya. Mila yogya pinuja.
|
|