1 Abdining Sang Yehuwah, kang sumuyud mring Allah, yeku sang Kristus Gusti, Putra sejati. Ngurbanken sarira, krana tresnanya, mrih manungsa raharja, mulya neng swarga. 2 Pindha cempening kurban kang pasrah tan suwala. Ing ngarseng pangadilan dora seksinya. Tan mbikak lathinya, milaur seda, tulus lila legawa dadya Pamarta. 3 Sinami lir durjana, sinalib wit duraka; sinengitan ing jagad, tinampik umat. Sangsara sedanya, wit ngrembat dosa, mila tyang kang pracaya gesang raharja.
|
|