1 Tan ana cahya mulya wah swara milangoni ngendhih bingaring driya. De Sang Putra wus prapti, putra tunggaling Pangeran kang nuwuhken katentreman. Pra malaekat wewarta, ngengidung memuja, Allah nunggil mring kita. 2 Sajagad sukarena bumi tentrem-rahayu, pinuji Ratu Mulya karya mareming kalbu. Mudha-wredha muji samya, "Panebus kita wus prapta!" 3 Sang Pamarta manjalma karya tentreming driya, yeku kabegjan swarga tumrah para manungsa. Samnya saosna pamuji binarung bungahing ati.
|
|