1 Sugeng rawuh, Gusti, Ratuning swarga kang tumedhan neng donya krana kula, "Sugeng rawuh, Gusti saking daleme Rama, rawuhe neng donya nunggil lan pra jalma" Salam, salam! 2 Gusti ingkang dadya tuking sih-rahmat; adreng panyuwun kula klayan urmat. Kang ibu Maryam tansah manggya widada, kang sampun dadya srana miyos Paduka. Salam, salam! 3 Pra pangen gumregah, cahya nelahi, nulya nampi pawartos saking swargi; "Gusti Yesus wus miyos, aneng kandhang kewan nulya ginedhong sumeleh ing palungan." Salam, salam! 4 Pra pugangga rawuh, lintang kang nganthi nedya angaturken pangabekti; mas lan blendokmur sinaosaken mring Gusti kanthi yakin, yeku Sang Jurubasuki. Salam, salam!
|
|