1 Sang Ratu Adil sejati samangkya sestu wus prapti; maringken tentrem raharja tumrah mring sagung manungsa. 2 Nebus dosaning pra jalma, paring kasucening driya, mrih samnya tersna-tinresnan, nebihana pasulayan. 3 Nyirnakken dayaning pati, wah malih ngenggalken budi, mrih adil ingkang sejati sumrambah salumah bumi. 4 Ngluberken gunging sih-rahmat, dimen tyang dosa mratobat, mring salir tyang ingurmatan, ngangkat drajad kamanungsan.
|
|