1 Sang pepadhang sejati samangya wus prapti, nyirnakna rehing pati, mrih jalma basuki. 2 Sang pepadhang sayekti wus rawuh ing bumi mbirat kwasaning dosa, sung tentrem-raharja. 3 Sang pepadhang sanyata manjalma mangungsa ngasoraken pepeteng, sung gesang kang langgeng. 4 Sang pepadhanging jagad rawuh sung sih-rahmat, mrih tyang pracaya pasrah dadya putreng Allah. 5 Sang pepadhang satuhu rawuh jroning kalbu. nenuntun tyang pracaya nulad Sang Pamarta.
|
|