1 Sajroning pepeteng ing donya, sumunar cahya minulya amadhangi bangsa sajagad; sadaya nampi sihrahmat. Rawuhe nyingkirken pepeteng; sirna wayangan ing pati. Bumi nampani gesang langgeng, krana pepadhang nelahi. 2 Nadyan Paduka amberkahi, bandha donya angluberi, sanyata datan maedahi; tan kwasa nentremken ati. Datan ana gunging panenan nuwuhaken katentreman tumrap wongkang nyingkur Pangeran; koncatan ing karaharjan. 3 Samangke kita sukarena wonten ing ngarsa Paduka, wit prasetya ingkang kinangsi wus babar wonten ing bumi. Payo sujud mring Kang Maluhur, ngaturken pamuji sokur, karana agunging panenan kagem bujana kaswargan.
|
|