1 Sabumi padha surakaing ngarsane Kang Makwasa. Bektia marang Yehuwah kalayan ati kang bungah 2 Sumurupa yen Yehuwah margane salir tumitah. Kita dadi kagungane, lir menda neng pangreksane. 3 Mlebu mring gapurane kambi memuji asmane. Ing platarane ngidunga memujia trusing driya! 4 Pangeran Kang Mahamulya, tresnane mring kang ngabekti tan kendhat ing salaminya tumurun wrata sabumi.
|
|