1 Ratu Mulya ngesorken sarira, krana karsa ngruwat tiyang dosa; nandhang papa wiwit wiyos ira; kain lampin dados gedhong ira; pamakaman papan sarenipun: wit punika sestu Kang sinuhun. 2 Ratu Mulya ratu saking swarga, tedhak donya jumeneng Pantara; ngrukunaken Allah lan manungsa; malaekat ngaturken pamuji, de rahmatnya sumrambah sabumi, kraharjannya maring para jalmi. 3 Ratu Mulya sung tentrem-raharja, mbirat dosa nyirnakken angkara. Tyang pitados ngudi katentreman, sowan Gusti sarwi saos kurban. Gusti tuking pitulunganira nuntun jalma mring Kratoning Swarga.
|
|