1 Prapangon kang winartan gung begja king swarga, yogya kaeraman, angumbar girang ing manah; de nyata wartanya Kristus sampun babar. 2 Ja wedi mring padhang mulya, dumadak ngetingal ing tengah dalunya, pasemon tedhak ing padhang sing swarga mring donya, jer Kristus wus prapta. 3 Duk pra duta saking swarga karsanya sung warta slamet mring pra jalma. Mara ndherek muji Allah, wit welas mring jagad Sang Kristus wus babar. 4 Allah saosana puji; dhuh nyawa, sujuda mring Putranya suci kang sumare neng palungan, ya iku Gustimu, Kristus kang wus babar.
|
|