1 Nyawaku muji Allah, sukmaku bungah-bungah. wit saka peparinge Allah marang abdine. Dene karsa ngudaneni asoring kawulanya, nganti saliring bangsa ngarani aku rahayu. 2 Aku sinungan berkah saka astaning Allah dene suci asmane, lan gedhe mukjijate, kawelasane dhumawuh mring kang padha ngeringi, wis mesthi denberkahi tumeka turun-tumurun. 3 Astane Allah kita nindakake pangwasa, mbuyarke wong digung, pra wisesa denlungsur, ngluhurke para asir, wong ngelih denerobi salir amal kang becik, wong sugih tinundhung legeh. 4 Allah wus murinani Israel, dimen ngengeti marang kawelasane mring Abram satedhake. Allah netepi prajanji marang leluhur kita, langgeng ing salamanya, asmane pinuji-puji.
|
|