1 Linuhurna! Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya. Linuhurna! Gusti Pamarta karsa rawuh ing donya. Jagad bilai, Kristus ngrawuhi, daweg kanca, den pepuja! Rawuhe Gusti datan ngadili, malah nulungi tyang dosa. 2 Linuhurna! Gusti Pamarta karsa mlasi tyang dosa. Linuhurna! Gusti Pamarta karsa mlasi tyang dosa. Jagad bilai, Gusti ngrawuhi karsa nucekken tyang dosa. drapon muktia saha mulyakna asmane Hyang Mawilasa. 3 Linuhurna! Gusti Pamarta karsa manjing manungsa. Linuhurna! Gusti Pamarta karsa manjing manungsa. Jagad bilai, Gusti ngrawuhi paring tladha mring tyang dosa; ngirid mring swarga tyang kang pracaya; swawi ndherek, para kanca!
|
|