1 Lintang wetan samangkya andadari, cahyanya gumebyar anyunari. Wijil Paduka lir asung pawarti, neng cakrawala panglipur ati. 2 Wonten pundi wiyosipun Gusti? Punapa aneng panggenan adi? Sumarene napa den aji-aji? Napa estu niku Jrubasuki? 3 Lah suwawi sujud dhateng Gusti; asumungkem asaos pamuji. Amba tan darbe kang minangka bukti, namung amba sumuyud mring Gusti.
|
|