1 Kaprungu swara gumyak ngumandhang saka swarga paring warta kabungahan tumrah mring pra manungsa. Nyata Allah tresna; kongsi ngutus Putranya maringken tentrem rahayu mring para wong pracaya. Rungokna, swaranya paring warta basuki! Rungokna swaranya! Pangéran asih mring jalmi. 2 Loncèng Injil ngumandang, ngundang kembul bujana. Aja nulak timbalannya, kang kebak sih-nugraha. "Mara tampanana, Rotining Kauripan! Murih sira nduwènana, urip ing kalanggengan." 3 Loncèng Injil ngumandhang, kaundhangaké terus sih-katresnan kang sampurna, srana kurban Panebus. Yéku pawartanya tumraping wong sadonya: Wus miyos Yésus Pamarta, Juru Slameting jalma.
|
|