| KPJ 233 Kanca Agiyaka | |
| 1 Kanca agiyaka! Ing kandhang Bethlehem karawuhan Rohing Pangeran. Sang Bayi miyos pinaringken kita. Lah payo mrana sujud, lah payo mrana sujud ngabekti maring Gusti, Pamarta 2 Pamartaning jagad, Putra kang tumurun sumeleh aneng pamakanan. Yeku wujudnya prasetyaning Allah. 3 Sang Ratuning Jagad dahat kinurmatan, rawuhe mbabar sih-kawelasan marang manungsa kang samnya pracaya. 4 Panebus sejati kang rawuh ing bumi mrih manungsa sinung basuki. Nulya sowana sarwi sumuyuda. |
| KPJ 232 | KPJ 234 |