1 Kadospundi, dhuh Gusti, nggen kula sung urmat, methukken klayan puji mring Ratuning jagad? Mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci. Salam kula ndadosna kepareng Paduka. 2 Saking dhampar kang mulya lan kluhuran swarga, Gusti tedhak ing donya nunggil lan pra-jalma, tumut nandhang sangsara, ngrembat kasisahan, ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran. 3 Punapa kang njalari, dhuh Ratu kang mulya, Paduka rawuh mriki, karsa nandhang papa? Inggih piwlas Paduka saha palimirma, lan katresnan Paduka dhateng tiyang dosa.
|
|