| KPJ 228 Ing Betlehem Kang Tan Aji | |
| 1 Ing Betlehem kang tan aji wus miyos Sang Bayi. Kang kadya wus kaweca aneng Kitab Suci. Suraka, ya suraka! Kanthi suka rena, "Sang Pamarta wus manjalma nunggil klayan kita!" 2 Bayi papa kang kaweca agung pangwasanya; mbirat salir sangsara wah pangrehing dosa. 3 Bayi suci kang ginusti tumedhak sing swarga; ambabar asih-tresna, yogya tinuladha. 4 Bayi adya wah sampurna tumedhak mring jagad, nedya sung karaharjan, wit gung ing sih-rahmat. |
| KPJ 227 | KPJ 229 |