1 Iba endah cahyeng ratri kang nyunari jagad rat; duk praduta swarga prapti ngundhang aken sih rahmat. Raharja, prajalma kang sinungan kawaluyan, lantaran Sang Pamarta, lantaran Sang Pamarta. 2 Puji konjuk Hyang Maluhur kang melasi mring jalma; nglepataken saking ukum, mitulungi raharja. Pra jalma sayogya ndherek muji Hyang Masuci, langgeng ing salaminya, langgeng ing salaminya.
|
|