1 Gusti, Rama ing swarga kawula nglenggana, de kadya Zakharia, tan mantep pracaya maring dhawuhing Allah denya paring berkah. 2 Gusti Yesus Sang Kristus, kanthi manah tulus, kadya Yusuf lan Maria sumarah mring Allah Mugi Natal punika ngekahna pracaya 3 Putreng Allah sejati, kawula memuji sesarengan malaekat memuja tan kendhat. Mugi Natal punika babaring sih-tresna.
|
|