1 Duk bumi kenemulan ratri, pra pangen neng ara ara, kalawan setya tuhu samianjagi panthaning menda. Dyan amireng mlaekat muji, ngumandhang aneng akasa; pra pangen sami dinawuhan nglari Putra Ka swargan. 2 Prapteng Betlehem, dyan kumlepyur tempuk cahya tigasami; sajuga king lintang ing luhur, kadwinya saking Sang Bayi Pyur! Tempuk cahya kang katiga; cahyeng mripat kang asuka. Dyan pra pangen tumungkul sami sujud menembah Gusti 3 Maria dahat bingah ing driya nampi gunging kanugrahan; klayan Yusuf aneng sisahnya, ngusap mring Bayi kaswargan. Pra pangen masrahken mendanya mring pangreksaning mlaekat, tan tega nilar Sang Pamarta, mila tansah sung hurmat. 4 Dhuh Sang Bayi saking ngaluhur, rawuh nandhang papa nistha. Gusti mugi nuntun kawula angambah margi Paduka. Lah Paduka ngasta wisesa, anglungsur para pangwasa. Nadyan agung tresnaning Gusti, donya datan nampeni.
|
|