1 Dinten Natal dinten adi, dinten kabingahan yekti. Nglipur tiyang nandhang sisah, ngiyataken tiyang semplah. Ingkang kesaput pepeteng tinuntun mring padhang langgeng. 2 Dinten Natal dinten mulya, dinten kang mbingahaken driya, ngengeti tiyang siniya, nulungi tiyang kang papa, ngrukunken kang sami dredah, ngraosken berkahing Allah. 3 Dinten Natal dinten suci, wiyos Sang Kristus Gusti. Sumangga sumyak memuji, sung panggunggung pangabekti, wah ngundhangken sih-rahmatnya, sarana tumindak nyata.
|
|