1 Daweg ta kanca kula sami memuji Allah ing dinten puniki, kula dipun paringi bingah linuwih! Bingah linuwih! 2 Surak - suraka, kanca! Sami suka - suka, mangangge kang sae, sampun kirang sekare kang endah-endah! (2x) 3 Swawi angalembana Allah Kang Mawilasa, sanadyan Maagung, karsa miyarsakaken pamuji kula. (2x) 4 Anggunggung kawlasane tuwin kamirahane, punika etuke sakehing peparinge, lan bingah kula. (2x) 5 Dene panyuwun kula: Karibedan sedaya mugi densinggahna, darapon lestantuna bebingahkula. (2x)
|
|