1 Dalu suci tidhem sami, Njeng Gusti Pamarta tedhak manjalma krana kita miyos wonten kandhang Betlehem Gusti ning dumadi, Gustining dumadi. 2 Bayi suci, kang Ginusti, nebusi tyang dosa, nilar kamulyane ing swarga, sumeleh ing rumput kang nistha; nladhani mring kita, nladhani mring kita 3 Dalu suci, tidhem sami, Njeng Gusti angasta, katentremane jagad-raya, kados prasetyane Kang Rama. Mila linuhurna, mila linuhurna. 4 Dalu suci, tidhem sami, Njeng Gusti angasta, pirukuning tyang dosa sami cinadhang prasetyan kang baka. Amin, linuhurna! Amin, linuhurna!
|
|