1 Betlehem ing Efrata, sanyata prasaja, kang cilik ing Yehuda nging pinilih Gusti. Ya aneng kandhang kewannya, miyos ing Sang Pamarta. Allah sung waluya, tan mawang manungsa. 2 Pra pangon wong kang ringkih, asor, melas-asih, winartanan mlaekat marganing sih-rahmat; de kang sinungan waluya, mung kang nlangsani dosa. Allah Mahaasih mbelani wong ringkih. 3 Pra pujangga king wetan asung pakurmatan, wit tinuntun lintange, Gustining pra Gusti. Mula pra pujangga kang sowan mring Gusti.
|
|