1 Aneng pamakanan, iku dunungnya; ginedhong ing kain, sestu prasaja. Lelintang ing langit padhang nelahi, de Yesus Gustiku sare kepati 2 Raja-kaya nywara, kang nendra wungu, nadyan piniyarsa nging tan ngreridhu Samangkya atiku sstu rahayu, wit Gusti, mitraku nentremken kalbu. 3 Dhuh Yesus, Sang Putra, mugi Paduka lestantun ing kula kanthi sih-tresna. Pra umat samnya binerkahana, tinuntun nggenira lumebeng swarga.
|
|