1 Allah ngesorken srira, wit nglabuhi jalma. Manungsa tan keduga ngandelken dhirinya. Mung karana tresna, gesang tentrem raharja. Tyang dosa pinurih tobat, cinadhang sihrahmat. 2 Allah tedhak ing donya, wit gunging sih-trsna; ngrukunaken manungsa klayan sariranya. Mila tyang pracaya sami manggih raharja; kang sami olah katresnan sinihan Pangeran. 3 Allah ngurbanken srira, wit gunging sih-rahmat. Nimbali tiyang dosa, mrih samnya mratobat. Swawi sami seba, nyadhong sih-palimirma, nebihi dredah-sulaya, ngudi rukun samya.
|
|