1 Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta; pepadhanging wong sabumi, Putreng Allah Masuci. Ya jatining kauripan, langgeng tan winatesan. Margane tumekeng swarga, Imam Agung sampurna. Juru Pangon kang utama, wah pangruwatmanungsa. 2 Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta; yeku Sang Kristus Masuci, Gustining para gusti, Ratuning salir pra ratu, ya Sang Guru satuhu. Sabdeng Allah kang manjalma, wah putraning Manungsa. Jumeneng cempening Allah, Abdining Sang Yehuwah. 3 Aku mbok caritanana bab Yesus Sang Pamarta; Panutaning wong percaya, Ratu Adil sanyata. Sang Alfa lan Omega, pangreh jagad lan swarga. Mustakaning pasamuwan, kang paring kauripan. Hakim ing dina wekasan, kang ngasta pangadilan.
|
|