1 Para titah sadaya samya ngrepekna kidung, konjuk Hyang Makwasa kang gung ing sih susetya. Haleluya! Haleluya! 2 Pujinen Hyang Murbéngrat, Gusti kang gung sih-rahmat, ngreksa lan ngayomi, ngrumati mrih lestari. Haléluya! Haléluya! 3 Allah Kang Mawilasa wus nylametken manungsa, slaminya pinuja, wah tansah pinundhia. Haléluya! Haléluya!
|
|